Tembang Macapat-Kinanthi

Nalikanira ing dalu

Wong agung mangsah semedi

Sirep kang balawanara

Sadaya wus sami guling

Nadyan ari sudarsana

Wus dangu nggenira guling

_ _ _ _ _ _ _ _ _ _

Kukusing dupa kumelun

Ngeningken tyas kang apekik

Kawengku sagung jajahan

Nanging saget angikipi

Sang resi kaneka putra

Kang anjog saking wiyati

_ _ _ _ _ _ _ _ _ _

Kagyat risang kapirangu

Rinangkul kinempi-kempit

Duh sang retnaning bawana

Ya ki tukang walang ati

Ya ki tukang ngenes ing tyas

Ya ki tukang kudu gering

_ _ _ _ _ _ _ _ _ _

Teka ndadak melu-melu

Kaya budine wong ceplik

Lali yen kalengkangningrat

Ing bawana amurwani

Mustikaning jagad raya

Dhemen lalen sangga runggi

_ _ _ _ _ _ _ _ _ _

Sun iki ngembani wuwus

Dewa sang Hyang Hodipati

Bathara sukma kawekas

Sira ingkang den paringi

Nenggih maosadi lata

Panguripe wong sabumi

_ _ _ _ _ _ _ _ _ _

Punapa tamirah ingsun

Prihatin was pagung mijil

Tuhu dahat tanpa karya

Sengkang rine mekan Gusti

Gelung rinusak sekarnya

Sumawur gambir melathi

_ _ _ _ _ _ _ _ _ _

Midering rat angelangut

Lelana njajah negari

Mubeng tepi ning samodra

Sumengka anggraning wukir

Anelasak wana wasa

Tumuruning jurang trebis

_ _ _ _ _ _ _ _ _ _

Giwanging surya mbok gunung

Teki kang pindho wlingi

Tan gumingsir prapteng pejah

Mung sira kang condhong budi

Peksi reng mangsa kunarpa

Sun dhandhang dadiya krami

_ _ _ _ _ _ _ _ _ _

Sulung enjang dhuh mbok gunung

Pustaka pinudyeng krami

Ngur matiya raganingwang

Lamun tan bisa karonsih

Ancur kaca dhuh bandara

Kang dadi rasaning ati

_ _ _ _ _ _ _ _ _ _

Bokor siti dhuh mbok gunung

Agawe cuwaning ati

Cirak arga munggwing wana

Krawitan selehing gendhing

Durung tutug jejagongan

Kasusu tinundhung mulih

 

Sumber : https://pitajepang.wordpress.com/2013/01/07/kumpulan-tembang-macapat/

Leave a comment